Aku meh ngendiko sesuatu ya...

Foto saya
Semarang, Jateng, Indonesia
"sebaik-baiknya manusia adalah manusia yang berguna. Jika aku boleh berandai-andai maka aku ingin hidupku seperti sebatang lilin, yang kecil, namun sangat dahsyat. Mampu memberi dengan sepenuh diri, walaupun konsekuensinya adalah habis tak bersisa."

Jumat, Mei 20, 2011

Wang Sinawang

(Kangen banget rasanya menjadi orang jawa yang menggunakan bahasanya dengan bangga, tapi mungkin tata bahasanya tidak baku dan banyak kesalahan disana sini heheheheheheh :-b Men ora dadi Jowo sing lali jowone, ora dadi uwong kang ora ngerti kabudayane...) 

Paling penak pancen nyawang liyan,
tansah kepenak onone.
Yen nyawang pegawai bank,
onone mung tansah kecukupan,
nyambut gawe resik,
bayar mesti gedhe, pengen opo sarwo biso kecukupan.

Nyawang guru, tansah di gugu.
Ming sarwo seneng, mulang bocah ora tau susah.
digugu, tansah kajen keringan.
Sanajan gaji ora sepiro nanging onone mung tentrem.

Nyawang pegawai negoro,
ugo tansah ora tau sengsoro.
Nyambut gawe mayar, tanpo pikiran kang abot.
Ora mumet gaji, tansah dicatu amben sasi ra tau prei.

Nyawang lan tansah nyawang mendhuwur,
onone kabeh kang disawang tansah kepenak,
tansah minginke,
"lha kowe wis mulyo..."
"aku rak ora koyo kowe sing......."
lan sapinunggalane komentar liyo.
Nanging opo kowe tau nyawang ning sajroning awakmu?
Sejatine paling penak dadi awake dhewe,
tansah ngunjukke syukur marang Kang Maha Kuasa.
Bilih kito dipun paringi berkah.
Akeh sithik, Gusti tansah ngertos betah kito.
Gusti tansah maringi secekapipun betah kito.

Ning yo sing aran menungso,
ora tau trimo lan tansah kurang.
Padahal gulu menungsa kaciptaake ora mung ndangak thok,
ning yo karo nggo ndungkluk.
Sawetoro ndangak pancen ora popo, kanggo nyemangati awak yen nglokro.
"sing liyo biso, kenapa aku ora..."
Nanging ojo ndangak terus, kudu ndungkluk lan nyawang
yen ono kahanan kang luwih andap tinimbang aku.
"Jan-jane aku ki yo kepenak"
"Aku kudu ngunjukke syukur, jebul aku ki luwih bejo..."
"aku ki jan bejo tenan..."
Angel tenan sing jeneng nglakoni kata "BERSYUKUR"
Ngrumangsani, klambi sing tememplek sing awak iku sing paling trep nggo awakku.
Apik dianggo uwong urung mesti trep dinggo ning awakku.
Endah lan Edi sinawang urung mesti ing sajroning ugo endah lan edi koyo ing njobone.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar